Contoh Tugas Membuat Cerkak Bahasa Jawa



“ Melu Pak Pur “
dening Prasetyani Laras Wahyu ( XI TKJ / 19 )

            Dina iku senin,  tanggal 6 maret 2017. Kaya biasane , aku menyang PKL ( Praktik Kerja Lapangan ) neng Dinas Kominfo Sleman.
Aku menyang jam 7.10 saka omah . Sepanjang dalan ameh neng Kominfo, aku mikirke akeh hal. Salah sijine,  “ Kira – Kira aku engko oleh gawean apa ya ?” “Angel po ora ya ?”
Aku mikirke kui terus sepanjang dalan tumuju lehku pkl. Hal iku lumrah lantaran selama aku pkl neng Kominfo, aku oleh akeh macam gawean. Selain gawean sik sesuai ro Kompetensi Dasar kejuruan, Aku karo Rifka ( kancaku PKL ) ngrewangi karyawan liyane sik kerja neng Kominfo. 

Aku lan Rifka tau ngrewangi mas – mas sik njaga lobi LPSE mbongkar saklar listrik, aku ro Rifka yo tau ngrewangi Mbak Dewik nyiapke rapat cara nggunakakke aplikasi LPSE sik anyar. Kabeh iku kak lakokke karo Rifka pas lagi raono gawean neng Kominfo.

Tau barang, aku ro Rifka kon nyetting Mikrotik Nano Station M2 sik biasa disebut Ubiquility supaya didadekke Access Point kanggo Hotspot sik bakal dipasang ana ing ruang rapat Kominfo sik anyar. Setting Hotspot iku mlebu materi jaringan nirkabel. Kui materi kelas 12 lan durung tau diajarke neng sekolah soale aku ijeh kelas 11. Aku ro Rifka jan bingung soale kui bener – bener materi sik durung tau diajarke blas. Boro – boro tekan materi setting Hotspot, materi sik soal Mikrotik wae lagi diajarke tekan Routing 2 komputer. 

Tau sih aku ro Rifka dijak Pak Koko masang hotspot neng Ruang Bupati. We iku masang udu nyetting. We pas kui Pak Koko le masang hotspot cepet banget. Pas Pak Aris takon wes tau nyetting hotspot opo durung, aku ro Rifka jawab jujur nek durung tau. Terus Pak Aris ngekon aku ro Rifka searching neng Google. Tapi tetep wae ra dong. Akhire aku ro Rifka diterke Pak Sulis neng nggone Mas Yusuf. Mas Yusuf iku mas – mas petugas sik mantau Data Center. Data Center iku pusat pengendalian internet sak kabupaten Sleman.

Akhire aku ro Rifka diajari Mas Yusuf setting Mikrotik neng Data Center. Cen awale angel sih, Aku karo Rifka setting mikrotik pertama kali lagi kelar dalam waktu 2 dina. We pas iku, kendalane akeh banget. Raiso connect lah, ID ne ra muncul lah, lan sak panunggale. Sakwise kui te’e wes apal ro setingane, aku ro Rifka nek dikon nyetting mikrotik eneh iso rampung dalam waktu 2 tekan 3 jam. Lumayan seneng sih oleh pengalaman setting mikrotik. Rumit tapi asyik.

“ Tekkkkkkkkk..................”

Aku kaget lan reti – reti tersadar seko pikiranku sik tekan ngendi – ngendi. Aku lagi nyadar nek jebul aku ijeh numpak motor neng dalan. Lehku sadar mergane mesin motor sik kak tumpakki reti – reti mati deng dalan. Posisine lagi ameh belok neng pertigaan.
 “Duh piye iki... Modhar akuu” gumanku. Mana motorku angel di stater meneh. We neng mburiku uga akeh motor lan mobil sik nlakson terus mergane podo – podo ameh liwat tapi dalane kepepetan motorku. 

“ Duh Gusti piye iki.. Aku wegah mati enom neng kene. Lakyo ra lucu nek mati pas ijeh masa – masa PKL.” Aku cemas banget. Aku yo mikir kudune mau motorku sakdurunge mangkat tak panasi dipek ben ra macet ngeneki. Aku do’a terus. Akhire aku njejal eneh nyetater motorku karo ngucap, “ Bismillah........... “

Alhamdulillah..........., Urip!

Banjur mesin motorku urip aku langsung bablas neruske perjalanan neng Kominfo. Tekan kantor, aku wis dienteni Rifka neng parkiran. 

“Nendi wae e koe ki. Suwi banget “, Rifka nggerutu karo nesu – nesu ngonokae. “ Hayo maaf. Lha mau ono tragedi kok, mesin motorku reti – reti mati neng dalan. “, jawabku karo mbenakke jaket. “Lah njuk piye ? Koe lak ora mati to ?” Rifka nimpali karo ekspresi  rai rodo syok. “ Ihh yo oralah nek aku mati aku ra bakal omong – omongan ro koe neng kene. Pfft “, jawabku. “Ho’o ding ya. Hehehe...........” timpale Rifka ro ngguyu. “Yowes yok...”
 “Ayoo...”

          Lebar kui aku ro Rifka tumuju kantor Diskominfo sing ono ing kompleks pemda. Sakwise mlebu kaya biyasane aku ro Rifka munggah takon gawean dina iki.
“Misi pak.. Dinten niki enten gawean nopo nggih ?” Rifka takon karo Pak Sulis sik bar wae apel pegawai. “Ohh nganu dik.. Melu mas pur wae troubleshooting hotspot”, jawab Pak Sulis.
“Oh enggih pak nuwun”.

          Sakwise takon, aku ro Rifka langsung neng mejane Pak Pur. Kali iki, aku sik takon marang Pak Pur. “Pak.. mengkeh kulo kaleh Rifka angsal melu mboten ?”
“Welaa.. Ameh melu nendi ? Wes sarapan durung? Aku we arep ngombe kopi kok. Pengen po pie ? jawabe Pak Pur karo guyon. “Ehh mboten niku pak. Maksute melu bapak mbenakke hotspot. Kan kulo pkl pak”
“Walahh mbok yo omong. Yo engko tak jak, neng ngenteni mas iksan dipek. Saiki lengguho ro ngombe-ngombe kopi dipek”..... “Ok pak”....

Aku ro Rifka nunggu pak iksan suwi banget neng mejane pak pur.

            Pak Koko sik mejane cerakke Pak Pur njuk muni “Iki ki do ngopo neng kene? Angkrem po piye?” .... Pak iksan sik gektas wae teko melu nimpali ro ngguyu, “ Hayo ngko lak ndhog.e netes”... “Hahaha....” , mereka njuk do ngguyu.. Sementara aku ro Rifka le nanggepi gur mesem ro menengwae. Secara awakdewe wonge menengan lan isinan wkwk.
Sakwise kabeh siap, aku, Rifka, Pak Pur lan Pak Iksan langsung mangkat nggunakkake mobil carry-ne Kominfo tumuju neng kantor kecamatan seyegan kekarepan mbenakke hotspot sik lelet.

            Pas neng dalan, tujuane kantor kecamatan seyegan tapi mobile malah tumuju Jalan Magelang arah monjali. “Rif iki sik rareti dalan aku po Pak Pur to.. opo dalan nek arep neng kecamatan seyegan wes pindah ?” takokku ro Rifka. “Embuh iki manut wae. Cen rodo embuh kok” timpale Rifka ro rai pasrah.
Mobile terus lurus ringroad banjur muter munggah fly over Jombor. Sakwise kui terus lurus arah bangjo UTY njuk belok kanan ngliwati RSA UGM tumuju kronggahan banjur lurus tekan Cebongan. “Walah mik arep neng kecamatan seyegan e ndedak muter – muter.. Pancen Pak – Pak Kominfo ki do susah ditebak kok”, pikirku.

            Sakwise tekan Kantor Kecamatan Seyegan, aku, Rifka, Pak Pur, lan Pak Iksan langsung tumuju ruangan sik ono wallmount nggo mbenakke hotspot sik lemot. Pak Pur banjur menek mbenakke tower, Pak Iksan nyetting nggo laptop. Rifka ro aku ngrewangi Pak Iksan sik nyetting hotspote seko ngisor wallmount. Proses penyettingan banjur rampung sekitar jam 1 awan. Bar kui, awakdewe pamitan ro wong sik ono neng kecamatan seyegan banjur tumuju golek masjid. Sakwise sholat, Pak Pur ngejak maem awan neng soto cedak Pasar Ngino.

“Ngopo e kok mik do meneng wae.. Mesti ngeleh to” Pak Pur omong ro ndelokke aku ro Rifka sik pas kui ketok kesel ro melas banget. Awakdewe gur ngguyu. Pak Iksan sik lagi nyetir banjur nyaut, “ Hayo cetho ngeleh to.. gek aku we ngeleh kok.. aneh wae mas pur ki “.. “Welaa ho’o to.. Aku lakyo mik takon” saure Pak Pur ro cengengesan.
           
           Sakwise tekan, awakdewe banjur lungguh. Terus ditakoni ameh pesen opo. Pak pur takon ameh nggombe opo. Aku jawab teh, Rifka muni “ es jeruk mawon pak “. Pak pur banjur pesen soto 4, es jeruk 2, teh anget 2. Aku mbatin, “Aku lakyo mik muni teh malah dipesenke teh anget. Weladalah gek iki we panase kongene malah ngombe teh anget”
Te’e wes kebacut akhire aku mimik teh anget neng cuaca sik panase kongene. Ditambah sotone panas banget meneh. Duh nasib...

            Banjur rampung madang, mobile nglanjutke perjalanan. Ijeh ono 3 nggon eneh. Kelurahan Tambakrejo, Mororejo, lan Margorejo. Ndisik dewe neng Tambakrejo, tekan kono langite mendung banget tur kantore durung tutup. Pak iksan banjur mlebu tumuju wallmount nggo mbenakke settingan hotspote. Aku ngetutke Pak Pur. Pak Pur ngematke langit terus njuk muni “Ha iki langite mendunge kongene. Nek aku menek njuk ono bledhek, ha mik bunuh diri aku”. Aku gur mesem terus nyauri “ Enggih pak... “

            Pak Pur banjur mlebu ne Pak Iksan sambat nek langite mendung alesane ijeh sayang nyawane. Akhire Pak Iksan setuju yen rasido nyetting dino iki nggo keselamatan barang. Akhire mobile balik meneh tumuju 2 kelurahan liyane. Jam nunjukke pukul 2 awan. Pak Pur sambat eneh, “ Ha iki percuma nek neng mororejo lan margorejo. Wes jam semene. Mesti wes do tutup “
Pak Iksan nimpali, “ Yo tilikki dipekwae....”

             Akhire mobile tumuju neng kantor kelurahan Mororejo. Eh bener tekan kono kantore wes tutup. Mobile njuk tumuju neng kantor kelurahan Margorejo. Ra bedo, kantore yo wes tutup. Neng ngarep kantor ono cah 2 nggo seragam osis podo aku ro Rifka. Pak Pur njuk muni “Helaa kae kancamu galo.. mesakke raono sik metuk”
“Eehh... dede pak. Muk seragame podowae” Rifka nyauri ro menjeb. “Hehe hlaa tak kiro podo kok” gumane pak Pur.

             Mobile akhire bali eneh tumuju kantor Kominfo ing pemda Sleman. Sakwise tekan pak iksan njuk muni “ Koe nek ameh do bali rapopo “
“Pamit riyen mboten pak ?” Rifka takon. “Alah rapopo.. wes langsung bali wae kono aku reti nek do kesel kok” saure pak Pur.

“Oh enggih... matur nuwun pakk” jawabku ro Rifka bareng sambi salaman ro pak Pur lan pak Iksan.
Lebar kui aku ro Rifka njuk tumuju parkiran njuk bali. Wah kesel tenan dino iki. Tur berkah hehe...
~~~Tamat ~~~

Comments

Post a Comment

Terimakasih telah ber komentar ^

Popular Posts